Selasa, 14 Desember 2010

Babagan 4

28. Esmu Aji Bala Srewu

Mutih 40 dina patigeni 7 dina 7 wengi.
Paedahe langkung kuwasa, langkung kuwawa, medhar saparon jagad gedhene.
Niyatingsun matak ajiku, sang bala srewu, adeging kuliting banyu, kuliyat kuwasa, cipta, masesa, suriyat rasaning banyu, cipta masesa, kalayan murba, banyu rasa, cipta masesa, kalayan murba, pojod kuwawa, klawan kuwasa, banyu pitu cipta cinipta, murba klayan misesa, kuwawa kuwasa, ya hu
subhahanallah, dad membadani, dad kuwasa cipta cinipta, murba masesa, dad ngasiyah, murba masesa, cinipta cipta, dad mustafa, cipta cinipta, murba masesa, kuwat kuwasa, kinuwasa, ya ingsun sajatine dad kang cinipta, cipta dad buret, ilanging sipat anane kang cipta cinipta, kuwawa kuwasa, nyatane iya ingsun dad aji balasrewu.

29. Esmu Aji Jaya Sampurna.

Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. Kuwasane, Ora tedhas dibedhil.
Niyat ingsun amatak ajiku sang jaya sampurna, heh wesi bali, lungguhe ana dhadhaku, wesi putung lungguhe ana bahuku kiwa tengen, wesi krang lungguhe ana ing gegerku, wesi pulasani kang deg kinuwasa, dad sampurna, ya ingsun sang jaya sampurna.

30. Esmu Aji Pancasona.

Mutih 7 dina patigeni 3 dina ngalong.
Niyatingsun matak ajiku sang pancasona, lesus angin sipatku, wewayangan dad jujulukku, jaya kawijaya, sakti murba wasesa, dad mulya, tan kena owah gingsir, ya aku sang pancasona.



31. Esmu Aji Brajamusti.

Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. Kuwasane kanggo ngantem mungsuh, sing ketrajang remuk, napsune si braja musti.
Yen kurda winatak : Ajine karuna dhadhaku, gumebyar netraku, watu item kalbuku, esmu braja drijiku, tangan kiwa pukul wesi, tangan tengen pukul waja, ya kuwasaning brajamusti, ya kuwasaning wahyuning wesi kuning, sun brajangake segara asat, sun brajangake gunung jugruk, sun brajangake watu remuk, ya kuwasane brajamusti, ya kuwasane wahyu braja wesi kuning, ya hu subhanallah, maha suci dad wa ta'ala, anembadani, la illaha ilallahu Allahu akbar, la illaha ilallahu, Allahu akbar, la illaha ilallahu muhamadar rasulullah, hu, ya ingsun ngandika rasul.

32. Esmu Aji Pasopati.

Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. ( kuwat teguh sabarang gawe).
Dad kaprabon sipat, rumi-ruma, ya ingsun ratuning braja, sampurnaning landhep, ya ingsun pasopati.

33. Esmu Aji Sepi geni.

Mutih 40 dina patigeni 7 dina. Kuwasane, awake katon geni.
Yen perang kasupit, winatak : Borat barit, sejaku kumbala geni, seksi Allah, saidullah, seja Allah, pangandika rasul, la illaha ilallahu muhamadar rasulullah.

34. Esmu Aji Kidang Kancana.

Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. Langkung mercet tur kinasihan, laku kebat.
Iki esmune : Niyatingsun matak ajiku sang kidang kancana, trajakku waja, netraku kumala, badhanku si kidang kancana, sampurnaning angin, wahyu, cedhak tan katon, tebih tan katingal, ya ingsun sang kidang kancana, pangawak banyu suci, angin suci, bling bening, sun dad wat, sampurnaning napsuningsun, barat lan angin, pangawak ya ingsun si kidang kancana, sampurnaning banyu suci, la illaha ilallahu muhamadar rasulullah.

35. Esmu Aji Panglimunan Welut Putih.

Mutih 7 dina patigeni 3 dina. Kuwasane : dicekel mrucut lan bisa mlebu sorote damar, luwih-luwih yen kanggo dursila.
Ingsun matak ajiku sang welut putih, malbu lenging dami putih, lor kali wetan kali, sumungsung anguwot pager bata, dad wat ilang, ya ingsun sang welut putih, has banyu putih, sang nur putih, dad wat ilang, ya ingsun sajatine sang welut putih, dad wat ilang sampurna, la illaha ilallahu muhamadar rasulullah.

36. Esmu Aji Pangeram-eram (Jala Sutra).

Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. ( Nguncalake dadi bandhan ).
Niyatingsun amatak, kang sun cipta rante, sun tibakake ing sukmane si jabang bayi, ah, nini rangsang, kaki rangsang, nini rangsang ngumbara, kaki rangsang nalenana, cipta dadi, tan kena den udhari, set singset, sabda Allah, sabda rasul, la illaha ilallahu muhamadar rasulullah. 

Tidak ada komentar:

Powered By Blogger

Papan Panggonan