Kamis, 20 Januari 2011

Babagan 6

8. Donga Arsa turu.
Yen arep turu ping 3.
Salallahu ngalaihi wassalam, Niyat ingsun turu, paturonku gedhong wesi, slemekku para wali, kemulku para nabi, kancingku nabi mukamad, jim setan padha lungaha, malaekat sing angreksa, kakang kawah ana ing ndhuwurku, adhi ari-ari ana ing ngisorku, angreksa badan saliraku, sawengine sarinane.


9. Donga Makuta Rasul.
Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. (Kanggo nenambani)
  1. Allahumma kanta kadir, allahumma aluamah, allahumma amarah, allahumma supiyah, allahumma mutmainah, penere kabatollah, allahumma kanta watala, si..........., luputa ing lara, luputa ing godha, luputa rencana, luputa sengkala, sengkalane rohilapi, si .......... ngratoni sabawana kabeh.
  2. Bumi awake si........, langit njawane si......., lintang atine si........, srengenge matane si........, rembulan cahyane si........, purnama sidik si......., luputa ing coba, luputa ing lara, luputa ing godha, luputa rencana, luputa sengkala, sengkalane rohilapi, si........., nggratoni buwana kabeh, maling sekti jupuken lelarane si.........., kang aneng endhas, ana rambut, ana kuku, ana kulit, ana daging, ana otot, ana balung, ana sungsum, ana wulu, jupuken kabeh, iki sun wajibi.

10. Donga Kulhu Balik sumpah.
Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. 
Luput kena den arah balika ingkang nggarah, luput kena den tuju balika ingkang nuju, luput kena den sathit balika ingkang nyathit, luput kena den tlekin balika ingkang nlekin, luput kena den sumpah balika ingkang nyumpah, luput kena den tenung balika ingkang nenung, luput kena den gambar balika ingkang nggambar, luput kena den goda balika ingkang nggoda, luput kena den rencana balika ingkang ngrencana, luput kena den coba balika ingkang nyoba, colak-calik mencalik tiba sentana, aku ora, ya ora, si.........., dadiya satrune Allah.


11. Donga Nyuwun Kamukten.
Winaca saben bengi jam 12 rambah kaping 40.
Sun tedhane ing Allah kamuktenira, bagenda Suleiman, putrane bagenda Dawud, kang omah-omah ing Bleki, kang sengid dadi asih, satru dadi kadang, ratu dadi ngadil, manawa ingsun kaya bagenda Suleiman sinerenan isine jagad iki kabeh.


12. Donga Suwuk Nabi Adam.
Paedahe kanggo nyuwuk wong arep duwe anak, supaya enggal mbabar.
Bismillahirohmanirohim, Allahumma robbana dolamna anfussina farilamta' sirlana lanaknan nanna minal ghosirin, laya'ruju min butunnihim, Allahu lailaha ilallah muhammadar rasulullah.


13. Donga Tulak bilahi utawa bebaya.
Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.  Yen ana uradan winaca saben wengi.
Bismillahirohmanirohim, Sira tampik sira balik, wati sikuna wati wati, tulak tanggul trang kayangan, sapa Hyang seja ala marang ingsun, ingsun anake Hyang Luruh pati, sira si pusang araningingsun, odhol-odholen ususe, gedhugna atine, cecepen kepalane, kulhu sampurna, teka manut, yen ora manut, rusak sajrone omah ira dhewe, lailaha ilallah muhammadar rasullullah.


14. Donga Panulak nyuwuk sakehing Lelara.
Bismillahirohmanirohim, ashadu an lailaha ilallah wa ashadu anna muhammadar rasulullah. Anane dat sipat tanpa aran, kang aran tanpa sipat Hyang jejuluk wayangane jagad tedhak turun saking kodratullah, saking bumi Islam, saking bumi suci, rerowangan kanjeng nabi, sarta nggawa banyu kastuba lan banyu tamba, banyu urip ya banyu suci sumediya, sun siramaken sukmane si jabang bayi, dahana sirep, penyakit sirep, lerep, sirep, kaungkulan agemaningsun ya hu Allah, ya agama Islam, ya ngadika rasul, lailaha ilallah muhammadar rasullullah.


15. Donga kanggo Nyirnakake upasing wesi.
Puwasa patigeni 1 dina 1 wengi.
Bismillahirohmanirohim, Wamakana rasullahu akkauta hukaussi.


16. Donga yen arep turu. (kawaca x3)
Turu dag kemul sahadat, lemek nabi, bantal glugu, gugahen aku tangekna aku, ya lah iya.


----------------------------------------------------------------------------------------------------------------

Tidak ada komentar:

Powered By Blogger

Papan Panggonan