Selasa, 01 Maret 2011

Babagan 7

1. Iki Wadhahe Ilmu.

Mutih 7 dina patigeni sedina sewengi, patrap nganggo dupa.
Salalalhu ngalaihi wasalam. Haputin gedhene sakudhup melati, naera ngena naera wangsa ngendi lungguhe gedhong rapet, bumi papet, njethet ingsun ngungkabi, ngelmuningsun kabeh, njethet ingsun nutupi ngelmuningsun kabeh.

2. Atine Surat Yasin
Kanggo nenuwun gelis ketekan, apa kang dikarepake waton apal lan dilakoni :
  1. Yen kepengin sugih, kawaca saben malem Jum'at wayah wengi kaping 1000. 
  2. Yen nekakake wong wadon, puasa sedina sewengi ; wektu jam 8 sore den sebula arane wong wadon, insya Allah teka dhewe wong wadon mau. kawaca 5x
  3. Yen ana wong kacakot ula, sranane suket teki, kawaca 8x, nuli sebulna tatune, insya Allah mari sanalika.
  4. Yen ana wong salaki rabi ora patut, sranane gula klapa kawaca 3x nuli kawenehna kongkon mangan.
  5. Yen arep marak ratu / priyayi agung. Kawaca 12x, gelis kasapa lan apa kekarepane bakal katekan.
  6. Yen nulak udan, kawaca 3x, ilat kawalik padalna ing cethak, lan jempol tangan karo pisan digegem den pandengen mendhunge. Insya Allah ora sida udan.
  7. Yen ngambah lemah sangar kayu aeng, kawaca 3x - lelembut padha sumingkir.
  8. Yen sapa apal ayate, ingapura dosane lan katrima karepe, sarta gelis katekan.
 Iki ayate........ salamun kaulan mir robbirrohim.

3. Atine Donga Rasul. 
Kawaca 7x, kanggo kaslametan
Allahumma guk iman, ananira bareng lan ingsun, iya chaya rochamma rochimin.

4. Sahadat Jati.(Kanggo awet enom)
Saben tanggal (Tanggal 1 wulan Jawa) melek sedina sewengi lan kawaca x 40.
Sahadad jati, jati kukuhing ati, gedhong satriya, wit nala, kembang pengangen-angen, woh
ganti, den gemi.

5. Kulhu Balik. 
Mutih  7 dina patigeni sedina sewengi:
Kulhu durga balik, sato mara, sato mati, jalma mara jalma mati, jim mara jim mati, setan mara setan mati, demit mara demit mati, tenung mara tenung mati, jengges mara jengges mati, tuju mara tuju mati, gambar mara gambar mati, imbar mara imbar mati, sathit mara sathit mati, tlekin mara tlekin mati, donga mara donga mati, lara mara lara mati, maling mara maling mati, sapa mara pamedya ala, mara, mara, mati saking kersane Allah.

6. Padhang Ati.
Kawaca tengah wengi kaping 7 :
Allahumma afngali min afwa bil 'ilmi, wa ya sirli, min afwa bil 'ilmi,wallahu nga sirli, min afwa bil 'ilmi, waj'alni 'ilman manwafah, man fil kaeli wannahar, birahmatika ya arhamar rohimin.

7. Panrawangan.
Mutih 14 dina ;
Salallahu ngalaihi wasalam, he menga sira lawang ati sanubari, kang buka Allah, kang buka rasulolah, atiningsun byar padhang panrawangan, buka atine, buka ragane, buka pintu, buka sulaiman, ana gedhonging pangeran, buka rasulolah, atiningsun byar padhang panrawangan.

8. Plengketan.
Lakune betah melek betah luwe.
Malaekat Jabarail, duwe praja temon, manjing ing rangka, lengket, lengket, dengket, saking kersane Allah.

9. Pangedepan.
Mutih 7 dina patigeni sadina sewengi ;
Salallahu ngalaihi wasalam, niyat ingsun matak ajiku sabda padhita; geniku si krana dhita, mati sewu lunga sayuta,, dak deleng dak pandeng, manone si reka - maya, dep kedep sa'ujarku, nut dinut sa'laku jantraku, si dempu araning buta, si sentrik araning wil, glegu klekah maya arane banaspati, klena maya arane setan kongkonan, reh rumaneh si suta aja maneh-maneh.

10. Pakurmatan Sanak Ghaib.
sanak ghaib iku tunggal wat babaran, sasi lan dinane. Slametane :
Sega rasulan, golong, jenang putih diplisir kuning, jenang ireng  diplisir abang, jenang abang diplisir ijo.

11. Isyarah duwe anak.
Mutih 40 dina patigeni 7 dina;
Ya lah iya, gedhong bubrah dandanana, yen wis dadi ana sama putra, masak sama putri, bakal nitisake wiji, lanang arep, wadon arep, janji slamet, ya lah iya.


12. Wangsulan manawa ana Ratu Adil.
Salallahu ngalaihi wasalam, lahir wonten bumi lega, embokku ni olah, bapakku sirolah waliolah.

------------------------------------------------------------------------------------------ 

Tidak ada komentar:

Powered By Blogger

Papan Panggonan