Senin, 30 Mei 2011

Babagan 9

1. Panawaran Kena Gaman. 
Mutih 7 dina patigeni sedina sawengi.
"Wuluh wesi kang ngloroni, sumender kang nambani, wesi pulasani kang nambani ditulah njeka tawa, tawa tawi tawar, tawar saking kersane Allah".


2. Panawaran Upas sapanunggale.

Mutih 7 dina patigeni sedina sawengi.
"Girang-girang salakuku, guyu-guyu satekaku, lungu-lungu ora kolu sega, ora kolu banyu, lungu-lungu telung penoleh, adoh welas, cedak asih, aja kowe ora asiha, dewa pangeranmu asih menyang dewa pangeranku".



3. Panglubuhan Wesi Aji.


Mutih 7 dina patigeni sedina sawengi.
"Salallahu ngalaihi wasalam, mariyem manik lelungaran, kurang mat ing bebayu, nanging tuk-e ngemu banyu, gloyar gleyor, bliyar bliyur, wesi pulasani, bokong maleyok. Si ya kowe sing kadadeyan emet, si kowe si jabaliya menyang emet".

4. Panglimunan Wewe Putih.

Mutih 7 dina patigeni 3 dina.
Niyat insun matek ajiku si wewe putih, hatarok, hastarik, hastarik, puk tan ana karasa rasaanunggang layangan putih, amancik tengahing sagara, cat hilang , cat katon, cat hilang, cat hilang, cat hilang.

5. Panglimunan Dawang Sukma.

Mutih 7 dina patigeni 3 dina.
Niyat ingsun matak ajiku dawang sukma, lumungguh telenging sagara, cat hilang, cat katon, cat hilang, cat katon, cat hilang , cat katon, cat hilang, cat hilang, cat hilang.

6. Paratelane Pasanggaran kasebut Pangling.
Ketan lan katunggengan; kanggo ngreksa omah utawa kebon supaya ora katrajang dursila. Sarate, pasir lan uyah dicampur dadi siji, patrape mubeng ngiwa ana sajrone omah, sarta maca donga ing wayah srengenge kang isih gumantung.
Yen kelakon ana dursila mlebu, insya Allah ora bisa polah lan guneman, kana sabdane rasul.
Tapane putih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi tan kena ngandika:
Bismillahirrahmanirrahim, ashaduan la ilahailallah, wa ashadu anna muhammadar rasulullah.
Niyat ingsun arep turu, paturonku wektu lan rasa kang ana sajrone gedhong wesi, diapit-apit gunung singa mara, nini tani kaki tani, padha tangiya, aku dak turu, ana ing sajrone gedhong wesi, balik longanku jurang pakewuh, joganku bengawan, latarku sagara agung, sapa mara baliya, singa mara bali, sabdaku ngandika rasul, kasasara dursila, marang sagara madi, ngeng-bingeng, ngeng bingeng, bingeng, tungeng, jeleng, dumileng, tan darbe budi, kenang tulah sabdaningsun, ngandika rasul, ana cahya campur rasa, ana rasa campur cahya, plek kimplek, putih, sang kintel putih, lunglunging nur putih, sira dursila, tan bisa polah tingkah, kenang sabda ngandika rasul, lailaha ilallah muhammadar rasulullah.

7. Ngilmu Gumbala geni.
Mutih 7 dina patigeni 5 dina, sawabe lamun nemu geni awake katon geni: "Kumbala geni, seksi allah, satit allah, lailaha ilallah muhammadar rasulullah"

8. Sesirep maling.

Mutih 7 dina patigeni sedina sawengi.
"Sukmara ragaku, gumuling sakuku, awor lonthe, lailaha ilallah muhamadar rasulullah".


Tidak ada komentar:

Powered By Blogger

Papan Panggonan