SAKING KULA


Sepindhah, ngunjukaken atur dumateng panjenengan para sedulur bilih seratan punika dipun salin saking buku donga, mel-mel lan sapanunggale swargi Eyang kakung Sakat Pratiktodarsana,
Buku punika asli seratan astanipun swargi piyambak. Isinipun buku punika babagan Esmu, Aji-aji, Donga lsp,
Angkahipun badhe kula babar sedaya, ananging wonten sebagian donga ingkang dipunserat ndamel huruf jawi (hanacaraka). Pramila punika, kula mbetahaken wekdal kangge nerjemahaken.
Mugi sarana pandonganipun panjengan para sedulur, salinan punika enggal pepak lan mboten ndadosaken penggalih para sedulur sedaya.
Ingkang kaping kalih, senaosa kaparingan waris buku donga lsp, nyuwun sewu, kula dereng natos nglampahi sedayanipun amalan punika. Kula namung nyerataken kagem panjenengan para sedukur ingkang ngersakaken.

Kaping tiganipun, mugi salinan donga punika saged paring manfaat kagem panjenenganipun para pinisepuh lan para sedulur ingkang taksih ngugemi lampahan Jawi, syukur bage ngemutaken malih, mbok bilih kagem nostalgia, riwayat, utawi kagem paring dongengan dhateng putra, wayah, buyut lan canggahipun.
Ugi kaaturaken dumateng panjenenganipun para sedulur ingkang taksih kersa nguri-uri budaya Jawi utaminipun babagan laku kebatosan, kanuragan lsp. Bil khusus dumateng para sedulur ingkang badhe nglampahi laku kebatosan, dipun sumanggakaken. Amalan punika sedaya dipun ijasahaken dumateng panjenengan.

Mugi saged paring manfaat lan nyuwun agunging pangaksami
Amin.
Powered By Blogger

Papan Panggonan