Selasa, 07 Desember 2010

Babagan 3 : Aji-aji.

18. Aji Lawa ijo.
Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.
Kuwasane kuwat, rosa, angkat junjung abot.
Niyat ingsun matak ajiku sang lawa ijo, bed-kebed, rejut, lab, det, ngebet, rejut, sad – ra, mim a-ubin, rejut, haddihil khayatun asmaihi, rejut, rek, rejut, ya ingsun sajatine lawa ijo.


19. Aji Buta Ijo.
Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.
Kuwasane teguh, mlesedan keh gegaman, kawateg rikala kurda.
Niyat ingsun amatak aji esmi urubing dupa, bel abang kinuwasa, bel putih kinuwasa, bel kuning kinuwasa, bel ireng kinuwasa, ya ingsun sejatine si buta ijo.

20. Aji Jaran Goyang.
Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.
Niyat ingsun amatak ajiku si jaran goyang, cemetiku sada lanang, sun cametekake gunung jugrug, sagara asad, bumi belah, kayu gurda rubuh, watu mrapat dadi pitu, sun tibakake sukmane si jabang bayi kang aran ..................., yen ora manut sida gendeng, wurung gendeng sida ngengkleng, wurung ngengkleng sida edan, wurung edan sida welas asih marang badhan saliraku ; Niyat ingsun matak ajiku si setan kober, nunggal karone si jaran goyang mlebuwa sukmane si jabang bayi, tepungna klawan sukmaningsun, teka welas teko asih, dewa pangerane si ....................., teka asih marang dewa pangeranku. La illaha ilallah muhamadar rasulullah.

21. Aji Gajah Wulung.
Tapane puwasa 7 dina 7 wengi.
Ingsun amatek ajiku si gajah wulung gedheku salumbung bandhung, kulitku raja tembaga, dagingku wesi pulasani, balungku waja tampang, teguh timbul, luput slamet sking pangeran, rineksa ing malaikat papat, ana kama tan dadi manungsa, ana ati tanpa angen-angen, ana mata tanpa ningali, ana kuping tanpa pangrungu, ana irung tanpa pangambu, ana cangkem tanpa pangucap, bisu – jampeng, jampeng, jampeng ngelmu gajah wulung.

22. Aji Pambarit Sungsang Buwana.
Mutih 7 dina patigeni 5 dina.
Kuwasane kinepung wakul baya mangap, hilang ; sing nepung perang karo kancane dhewe. Yen bangun perang winatak : Ananing dad sipat tanpa aran, aran tanpa sipat, ya ingsun sejatine wewayangane jagad, sukma mulya keluhuran, sampurna, dad ngulumun, huluhiyah, dad hilang, sampurna ngalam, ingsun mulya tan krasa rumeksa, ya hu, sampurna, dad langgeng, tan owah gingsir. La illaha ilallahu muhamadar rasulullah.

23. Aji Bathang Keli (kanggo misahake)
Mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. Sarate nginang lan ngobong dupa.
Salallahu ngalaihi wasalam, niyat ingsun matek ajiku bathang keli, suruh kulite si bathang keli si........, jambe endhase si bathang keli si..........., enjet setigi si bathang keli si.........., gambir atine si bathang keli si ..............., mbako jembute si bathang keli si.................... ; Si........., teka wadheh, teka waleh, teka sengit karo si.............. Sengit saking kersane Allah.

24. Aji Lembu Sakilan.
Mutih 7 dina 7 wengi, ngebleng 1 dina 1 wengi.
Ingsun matak ajiku lembu sakilan, putri wijil bana sora, ngedhepake pucuking braja kabeh, cengkang siku dadi saka awakku, dawa tuna cedhak cupek, rineksa ing malaikat papat, malaikat jabarail, lungguhe ing kulit, kuwasane teguh kekot, kelat kelot, teguh kelot kekat kekot, malaikat ngisrapil, lungguhe getih lan daging, kuwasane teguh ayu slamet, malaikat mikail, lungguhe otot, kuwasane teguh, kenceng, cukat, trengginas, malaikat ngijrail, lungguhe balung, kuwasane teguh kukuh, langgeng tan kenaning owah.

25. Aji Kethek Putih.
Mutih 7 dina ngebleng 1 dina 1 wengi.
Sun matak ajiku si kethek putih, oncak-ancik tunggak kayu yuta, mangah-mangah ing dadaku, mangah-mangah ing rupaku, ya aku si kethek putih.

26. Aji Panca Sona.
Saben tanggal siji (jawa) kawatak ; ngalih turu.
Ajiku si pancasona, luput tuwa, tan kenaning pati, anut sasi tuwa sasi anom, anom langgengsasasi, anom aku (ya hu allah...3x)

27. Aji Wana Wulung.
Ajiku wana wulung, kacaku kaya gelap panglimpun, pangen menjala, ya aku anake tambran pliliran, kang tapa ing alas bleku, miskin dadi sugih, gumulung sawah agung, teguh langgeng, teguh langgeng, teguh langgeng, kaya mipatku ya hu (ya hu allah....3x)

Tidak ada komentar:

Powered By Blogger

Papan Panggonan