Senin, 02 Mei 2011

Babagan 8 - Panuwunan; Pangasihan.

1. Panuwunan Kinasihan sapadha-padha.
(Donga saka Kyai Muhammad Sudjak Ngayogyakarta).

Kawaca kaping 100, saben bengi jam 11 ana njaba omah lan ora sangisore wit-witan (ora kaiyuban wangon):
ya hu - ya hu - ya hu - sira nidun, aku manik astagina, nur cahya saking pangeran, awor cahyane wong sa'jagad kabeh, ana ingsun kabeh, roh ilapi ing dzatullah, sir banyu ingsun, banyu patirasa dadi sawiji, rasaku manik astagina, teka welas teka asih maring aku.

2. Pinuwunan 1. 
diwaca kaping 1000; 
Bismillahirahmanirahim, Astaghfirullah, robbi, min kulli, dam bim, allim, wa'julu, ilaihi.



3. Panuwunan2.
Winatak saben malem Jum'at bengi jam 1:00.
-Yen sira dadi priyayi, madhep ngetan. Paedahe, tinurut dening bala lan kinasihan wong akeh: " Ya hu dzatolah".
-Yen arep tetanen, madhep ngidul. Paedahe, barkah sarine, nadiyan sethithik uga mberkahi: " Ya hu sipatolah".
-Yen dadi sudagar, madhep ngalor. Paedahe, bisa bathi akeh, tuku murah, adol payu: "Ya hu wujudolah".
-Yen arsa slamet, madhep ngulon. Paedahe, pinaringan slamet badan, anak, brayat, raja kaya, sasediyane katekan, tur kabuka ngelmune karana lelungguhe kaslametan: "Ya hu sirrolah".


4. Pinuwunan 3.
Saben sore kawaca madhep mangulon kaping 7:
Kun sadinar, kun kumaraning e-dat, Gusti Allah pinaringana ngapura, pinaringana kuwat slamet.


5. Pinuwunan 4.
Saben tengah wengi kawaca kaping 7:
Ngengakake lawang nuli nyebut: "Mangkat" 
Tekan latar bali lumebu ngomah, njangkah lawang, nyebut: "daulat"
Metu maneh nyebut jeneng cilik, nuli wuda madhep lawang, nyebut: 
"Gusti Allah kang maha agung, Gusti kang maha luhur, Gusti kang maha langgeng, Gusti kang maha suci, kula nyuwun ngapura, nyuwun iman langgeng, nyuwun.......

6. Pinuwunan 5 (rejeki).
Lohku kosir, malekku kosir, hamba pangeran kula, jengandika sampun kusira ngel-ngel ati kula, leh kula nyuwun rejeki, allah kawulaning allah, terang gusti allah.

7. Pangasihan 1.
Mutih 7 dina patigeni sadina sawengi:
Gendeng, gendeng, tembaga, tunggul salaka, apa melok-melok wetan kae, iya iku sekar padma, iya si .................... iku rewangku sapasangan.

8. Pangasihan 2.
Mutih 7 dina patigeni sadina sawengi:
Allahumma kulhu cahya, bapa Adam ibu Kawa, ana rasa sakehing tapel, lanang wadon angulati, wong sajagad kabeh, roh ilapi sumujud jasmani, iya aku raga allah. Allahumma jabarail, ngijrail, sira sun kongkon, lebonana guwa garbane si ..... roh-e si .........., worna karo rohku, rohku worna karo roh-e si .........., teka cep teka asih, si ........... asih menyang aku.


9. Pangasihan 3 (kanggo lumaku).

Mutih 7 dina patigeni sadina sawengi:
Girang-girang salakuku, guyu guyon satekaku, lungu-lungu ora kolu sega, ora kolu banyu, lungu-lungu telung penoleh, adoh welas, cedhak asih, aja kowe ora asiha, dewa pangeranmu asih marang dewa pangeranku.

10. Pangasihan 4 (rikala dandan).
Mutih 3 dina patigeni sadina sawengi:
Menyan kuning jenar seta, rasuk angin, rasuk busana, sih wali asih, aja kowe ora asiha menyang aku, dewa pangeranmu asih marang dewa pangeranku.


11. Pangasihan Rangga edan.
Ngepel 7 dina 7 bengi, ngebleng sadina sawengi. 
Iki sarate: jongkong, inthil2, kupat, lepet, rujak degan arang2 kembang. Pangolahe nganggo luweng. Kang duwe kajat, yen wis wiwit donga banjur nginjeng luweng karo ngundang, kang nyahuri kang padha genduri. Yen kanggo nyengkakake sranane nimba banyune sumur, kaesokake maneh x3 lan njawabe, ora ngebur-ngebur banyu,ngebur segarane si ..........., iki kang kawaca:
"salallahu ngalaihi wasalam, niyat ingsun matek ajiku si rangga edan, rangga edan sira sun kongkon, golekana si ..........., yen ketemu mlebua guwa garbane, jupuken atine si.........., yen ketemu turu gugahen, yen ketemu tangi lungguhna, yen ketemu lungguh adegna, yen ketemu ngadeg lakokna, yen ketemu mlaku e'jegna, yen ketemu ngejeg playokna, yen ketemu mlayu tegarna, aja gera-geru mandeg manawa durung teka ngarepku, dheng ngleng~ngleng~ngleng.


Tidak ada komentar:

Powered By Blogger

Papan Panggonan