Jumat, 03 Desember 2010

Babagan 1: Suwuk

1. Suwuk nambani sesakit.
Salallahu ngalaikum salam, salam ngalaikum. Danyang perkayangan kang manggon kiblat papat, kang manggon ing desa..........(desa kang dipanggoni),  wanuhna lan danyang perkayangan ing desa .........(desa wong kang lara), bagi binagi lan danyang perkayangan ing desa........ . 
Nini sebrang kaki sebrang buwangen uler-ulerane si ........, sajerone balung sajabane balung, sajerone sungsum sajabane sungsum, sajerone daging sajabane daging, sajerone kulit sajabane kulit, guwaken menyang alas gede panggonamu segara lor, myang alas blegedhegan, adem asrep katiban idu putih, saking kersane Allah, la illaha ilallah mokamad rasulullah

 2. Suwuk bocah nangis.
Puter putih-puter putih, aja nangis karintih-rintih, aji-ajimu bendo golok, nyabet gunung pitu jugrug nyabet segara asad, audzubillah-audzubillah-audzubillah laa illaha ilallah muhamad rasulullah.
3. Bocah budi.
Sawan corah iku tangis (yen ora tumama diwalik).Sawan tangis iku corah. 
4. Klelegen.
Bismilahirahmanirahim Radiya rohman... 3x   (kanthi megeng napas).

 5. Pengasihan.
Ana roncong jagad saking wetan mancorong kadya kencana, terus njaba jerone, si roncong jagad asiha marang badan saliraku, teka kedhep teka welas teka asih, terus njaba jerone, aja kowe ora asiha marang badan saliraku, dewa pangerane si...... asih marang dewa pangeranku.

6.Pinuwunan kanggo nekakake sapadha-padha.
Madhep ngetan : iku Gusti Allah; aku njaluk ngapura, si...... tekakno dina sesuk !
Madhep ngalor : iku Gusti luwih wikan.........si......tekakno dina sesuk !
Madhep ngulon : iku Gusti iman langgeng...... si......tekakno dina sesuk !    
Madhep ngidul : iku Gusti rasul tumikah........si.....tekakno dina sesuk !(sawengi diwatek x3: lebar isyak, tengah wengi, bangun esuk).

 7. Esmu aji Bandung Bondowoso.
Kuwasana kuwat mbedhol waringin, ora natas tapaking pelor. 
Tapane mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi. 
Yen wis diwatek, sabarange ora kena muni abot.Lamun kurdha winatek: Niyatingsun matek ajiku sang si Bandung Bondowoso, tutup jati. Otot kawat balung wesi, getih kuningan, daging perunggu, sungsum nanggala. Heh ya ingsun Sang si Bandung Bondowoso.
8. Esmu Lembu Sekilan.
Kuwasane dikapak-kapakake ora tekan (ora tremama) kang kapidhana mung wewayangane. Pasane mutih 7dina, patigeni 1 dina 1 wengi. Sirikane, ojo mangan jangan Lumbu.Lamun kurdha winatek : “Niyatingsun matek ajiku Lembu Sekilan wayang dat surya kantha, dat Allah kang ana tengah, sinuduk tan kena, tinatah mendad, kothot kethot, firlu-firlu, kyai si greges, ya ingsun nyatane dat kang murba, kang wasesa, ya ingsun lembu sekilan, sampurna. La illaha ilallahu muhamadar rasulullah.
9. Esmu Aji Gelap Sayuta.
Kuwasane yen wis tuwa pangucape kaya gelap mangampar-ampar. Tapane pasa mutih 7 dina patigeni 1 dina 1 wengi.
Iki esmune kang winatek : Hem-hem dat bejejet, buret, hu ya ingsun kanggonane gurune gelap sayuta,metu saking lesan angmpar-ampar, heh ya ingsun gelap sayuta, polahira ya polah ingsun, srengengenira iya srengengeningsun, tingalira iya tingalingsun, dat – ret – buret, suwe dicipta gelap ngampar-ampar sayuta, metu saka lesan. La illaha ilallahu muhamaddar rasulullah.

Tidak ada komentar:

Powered By Blogger

Papan Panggonan