Jumat, 03 Desember 2010

Atur Pambuka.


Sugeng Rawuh.

Kagem para sedulur ingkang sampun kersa kendel wonten ing Gubug Argowayang, kula angaturaken matur nuwun sanget lan nyuwun agunging pangaksami menawi wontenipun namung seratan kados donga, mel-mel, aji-aji, suwuk lan sapanunggalane.

Seratan punika paringanipun swargi Eyang kakung kula, Sakat Pratiktodarsana, ingkang sampun sumare tahun 1974 wonten ing makam Sama'an Malang.
Riwayatipun, rikala kajibah turne dhateng Bondowoso (tahun 1940 an) swargi Eyang milai nyatheti donga-donga ingkang dipun tampi, dipun serat piyambak mbaka satunggil.. ngantos ngempal kathah. Salajengipun dipun salin ing buku. Donga-donga ingkang dipun salin, dipun bendel arupi buku mel, aji-aji.lsp.
Nara sumberipun saking buku, saking majalah Jawi, saking kanca utawi saking para pinisepuh ingkang kapanggih ing perjalanan turne; 

Eyang mboten ngagem target anggenipun nyerat, mila inggih alon-alon waton kelakon, sak kobere ; lha wong dipunsambi, wusananipun nembe saged dipunrampungaken tahun 1973. Dhawuhipun, punika minangka riwayat, iseng-iseng, bedane jaman biyen karo abad atom.
Sumangga marang kang percaya, nuwun.

      Tidak ada komentar:

      Powered By Blogger

      Papan Panggonan